jawa java Meguru marang alam

Kula wastani kanti irah irahan meguru marang alam punika panci anggenipun pados hikmah saking alam sakkiwa tengen wonten pundi anggen kita dumunung.
Punika kawula serat amargi arikala pinanggih kanca kanca ingkang saget kawastanan nggadhahi ngilmu hikmah,maringi pitutur bilih nglakoni gesang punika saget niru utawi nyonto pinten tingkah sarta “proses” gesangipun kayawan lan tetaneman.
Contonipun mekaten:
Kae contonen lelakone uripe uler dadi kupu.Ules sing wujude nggilani,gaweane mangan thok malah isa dadi ama tanduran banjur tapa brata tanpa mangan dadi enthung,sakbanjure rampung tapane dadi kupu kang endah kang disenengi sapa wae tur mangane milih madu.
Lha punika saget dipun conto kang arupi lelakon.Kang sakawit mboten tepang mring kabecikan banjur tobat lan nglakoni marang kautaman banjur pindha kupu kang elok lan bisa mabur.
Lan kathah conto conto ingkan saget dipun pendet ngenani alam punika.
Kados “proses”dumadine upa wonten sendok kangge ningkataken raos syukur.
Kadospundi mboten tumuju dumateng syukur mring nikmating Gusti bilih ngangen angen upo siji wonten sendok punika dawa kedadosanipun.
Upa saking gabah kang tumemplek aning ulen pari kang mbutuhake lemah kanggo panggonan,kang mbutuhake rabuk lan banyu.Kamangka banyu kang kanggo nandur wae dawa lakone.Saka segara butuh srengenge kanggo ben dadi uap,butuh angin kanggo nekake nen ndaratan ben dadi udan kanggo mbanyoni sawah sing dibutuhke pari pari kang di proses butuh sambung raket liyane/menungsa ben dadi upa.
Mekaten kirang langkungipun nyuwung agungging pangaksami.


PENGANTEN DEMIT

Wis bola bali montor sing sepione dipasangi janur kuwi liwat dalan ngarep warung anggonku cangkruk ngopi.Saiki sing ping papat banjur mandeg ning ngarep warung.
“Nyuwun sewu mas,dalemipun tiyang ingkang gadah damel wonten dusun mriki pundi?”sijine wong lanang mudun saka montor
“wah kadose mboten wonten ingkang gadah damel kok wonten mriki.”ujare kang Warno sing metu saka warung.
Wong lanang mau banjur bali menyang rombongane.Aku lan pira piro wong melu nyedak.
“Endi to Yun omahe kok isa lali?”wong banjur takon marang Yun sing sajake nganten putri.
Sing ditakone bingung.
“Nyuwun sewu punaqa wonten fotone nganten jaler?”Dumadakan pak Warji mara banjur takon.
“Inggih wonten.”saurane penganten putri banjur njupuk foto lan diwenehke pak Warji.Pak warji manggut manggut nyawang foto kuwi.
“Oh,aku kelingan,mas Yon pesen nek mrene dikongkon nengeri wit kelapa.”dumadakan penganten putri ujar lan katon sumringah seneng.
Rombongan mau banjur pamit.
Pak Warji ngongkon njupuk sepeda sing ndak parkir neng ngarep warung banjur ngajak ngetutake rombongan nganten mau.
“Yun,endi omahe?Kuwi wite klapa,malah kae kuburan.”Takone pak sopir sing mulai jengkel.
“Mekaten mawon,mangga kula teraken dateng tiang sepuhipun nganten jaler.”ajakane pak Warji nalika nyedaki rombongan.
Rombongan mau setuju lan banjur ngetutake sepeda montorku sing mboncengke pak Warji.
Jebul pak Warji ngajak menyang omahe pak Noto.
“Inggih leres punika fotonipun yoga kula Yoyon Suyono.”ujare pak Noto marang rombongan nalika wus teka.
“Pak,sampean ki piye,endi anakmu Yoyon,lan ngopo kok ora ana rame rame kanggo nampa penganten?salah sijine rombongan takon kanti nesu,lan rombongan padha pating gremeng.
“Nganten?”pak Noto sajak bingung.
Banjur salah sijine wong mau banjur nyritakne kanti tembung rada srogol menawa Yuyun lan Yoyon Suyone wis mufakat ijab khobul dina iki jam pitu sore neng omahe Yoyon lan diramek ramekne.
“Yuwun sewu,leres foto niki yoga kula Yoyon Suyono,nanging piyambake sampun ninggal pitung tahun kepengker.”se


DI AMBUNG GENDRUWO

Udakara jam setengah rolas dalu aku teka ning kost-kosanku.Aku nembe mulih saka lembur dina minggu.
Sakwuse nyopot sepatu banjur resik resik awak,aku mlebu kamar terus ngglethakke awakku sing krasa kesel.
Tembe wae isa liyep liyep dumadakan aku dikagetne pawujudan ireng kang ngajab ngambung pipiku.
“PLAK!”Kantireflekaku nangkis pawujudan mau.
Dedegan jantungku,nanging aku sakbanjure bisa nguwasani rasa kaget lan wediku.
Pawujudan ireng kang tak kira kira gedene sak gurila mau kepontal menyang pojokan kamarku kang peteng amarga lampune tak pateni.
“Kurang ajar,wani wani ngambung,minggato kowe!!”ujarku nganggo batin,krana aku bisa nyawang dewekne nganggo panggraita.
“Kurang ajar temen ora gelem minggat,apa karepmu?”Ujarku kanti rasa mangkel amarga aku kelingan sesuk kudu budal kerja isuk nanging turuku keganggu.
Deweke isih wae ana kono,njegegreg mendongkrong,gawe muntabku nganti kawetu tembung kasarku.
“Jiancuk,dikonkon ngalih ora gelem,aku iki kesel lan ngantuk,sesuk aku kerja isuk!”
Jebul deweke banjur lunga,embuh liwat ngendi aku ora ngerti,kaya tekane kang nyalawadi mengkono uga lungane.
Sabanjure aku bisa turu kanti kepenak.
Nanging pawujudan mau kala kala isih sambang aku,nalika aku lara utawa susah,najan mengkono aku ora nate migateake.(Punika terjemahan bebas sakingCDMdening Kang Sukir)


Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.